Minggu, 06 November 2011

asal usul "TELAGA MENJER"

Kala jaman biyen sakdurunge dadi tlaga, Tlaga Menjer mung awujud wit-witan (alas). Ing salah sawijining dina, ana wong wadon kang lagi ngrumput ana ing papan kuwi. Wong kuwi yaiku wong desa Menjer. Ing papan kuwi, wong kuwi ngolehi ana 7 sendhang kang lagi ngetokake banyu.
TELAGA MENJER

Ing dina liya, ing papan kang wingi ana sendhange kuwi ana lesunge. Lesung kuwi bakal dangkat marang wong desa Maron (desa kang cedhak tlaga menjer), nanging wis nganti wong pirang-pirang ora bisa. Barang kaya ngono, wong Maron pada nekani wong Menjer supaya ngangkat lesung kuwi. Barang diangkat wong Menjer, lesung kuwi bisa kaangkat.
Dina liya papan kang wingi ana lesunge wis dadi tlaga gedhe. Yen dipikir saka ngendi banyu kang metu, ana wong kang ngendika yen banyu kuwi saka sendhang kang terus ngetokake
LESUNG
 banyu, ana sing ngendika banyu kuwi saka alam (ana tanpa sebab).
Barang wis ana tlaga kuwi, banjur tlaga kuwi diarani Tlaga Menjer, amarga kang nemukake lesung utawa papan iku yaiku wong Menjer.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar